Selasa, 07 September 2021

Lirik Lagu Tegalan : Bocah Tegal

Taurang Taurang Udane Sing Terang
Tauge Tauge Udane Sing Gede
Taurang Taurang Udane Sing Terang
Tauge Tauge Udane Sing Gede

Kiye Cerita Bocah Bocah Tegal
Uripe Seneng Ora Tau Ndugal
Contoh Bocah Sing Arane Noval
Nyong Yakin Ente Wis Pada Kenal

Umahe Nang Pertelon Jalan Bawal
Deweke Kerja Tukang Tambal
Sangking Kiyenge Tangan Sampe Ngapal
Senajan Preman Tapi Ora Nakal

Bocah Tegal Pancen Kreatif
Luruh Duit Nggo Sangu Urip
Aja Kerja Saenakeng Mboyok
Mbesuk Mlarat Ana Sing Moyok

Mulane Kerja Sing Temenanan
Endah Duit Ana Luwihan
Kanggo Mampir Ning Warung Lesehan
Moci Karo Nyantap Mendoan

Mumpung Pelayane Esih Prawan
Tapi Tangan Aja Grayangan
Mbokan Dijotos Kon Dimas Epul
Bocah Sing Njagong Elus-Elus Dengkul

Karo Tangane Mlototi Prekul
Ning Kene Sebagai Tukang Pukul
Alias Bodyguard'e Pelayan
Sing Jare Jengal-Jengil Kaya Inul

Tulung Bocah Bocah Pada Mikir
Krungu Lagu Kiye Aja Pada Nyengir
Senajan Esih Dadi Wong Fakir
Sing Penting Aja Sampe Kafir

Luru Duit Kudu Be Ngetir
Lamon Tiba Tiba Ana Wong Ngamen
Jawabane Sing Gampang Bae Men
Sih Apa ? Duit Sing Mardiyah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar