Selasa, 02 November 2021

Lirik Lagu Tegalan : Galawi

Galawi Galawi
Kabupaten Tegal Ibukotane Slawi
Galawi Galawi
Warureja Ngantikan Margasari
Galawi Galawi
Darat Laut Gunung Kabeh Nduweni

Buruh Tani Nelayan
Pengusaha Seniman
Pegawai Sipil Angkatan
Galawi Galawi...

Jerone Banyu Ning Waduk Cacaban
Sabar Anteng Teteg Dadi Cekelan
Gembrenjenge Kali Sing Pegunungan
Ngrenteng Ora Ngresulahan

Lingak Linguk Sak Dawane Galawi
Kiwe Tengen Toko Ning Pinggir Gili
Pompa Cor Wesi Ngatikan Konveksi
Warung Sate Tahu Aci

Galawi Galawi
Pancene Mbetahi
Galawi Galawi
Pancene Ngangeni

Galawi Galawi
Kabupaten Tegal Ibukotane Slawi
Galawi Galawi
Bumijawa Ngantikan Dukuhturi

Galawi Galawi
Darat Laut Gunung Kabeh Nduweni
Buruh Tani Nelayan Pengusaha Seniman
Pelajar Santri Pondokan