Rabu, 27 Oktober 2021

Lirik Lagu Tegalan : Jaran Lumping

Eh, Jaran Lumping
Jaran Lumping Mangan Beling
Sing Dadi Jarane Wong Ora Eling

Mlayune Mlencing
Ning Kebonan Guling-Guling
Sampe Sing Nyekeli Kebanting-Banting

Pung Pak Pak
Pung Pak Pak
Jarane Dupak
Ping Plang Pling
Ping Plak-Plak Pling
Eh, Jarane Guling

Sing Nonton Bingung Eh Keder
Ndeleng Jarang Klenger
Sing Nyekel Kendang Ketendang
Tibane Kejengkang

Digebyur Banyu Jaran Menyat Terus Mlayu
Sing Nonton Semrawur Bubar Pating Slebar